Lathi, perangan saking badan ingkang mupangati dateng sok sintena ingkang ngginakaken. Kangge pasrawungan, lathi minangka pusere sarana sesrawungan. Boten sedaya tiyang saged mapanaken piguna saking lathi wonten perangan utami.
Lumantar lathi kathah prakawis saged dipunrampungaken, lathi saged mujudaken maneka warna gegayuhan. Lathi ugi damel endahing kawontenan. Runtuting basa ingkang kawedhar tuhu pinercaya njalari kuncaraning bangsa miwah tatananing nagari.
Emanipun, kadhang kala kathah saking sesrawungan ingkang dereng ngrumaosi bilih saking lathi kagungan guna ingkang kathah. Kiranging pangraos kala wau, nuwuhaken lathi singlar saking ancas damel kabagyan dhiri tuwin tiyang sanes, pangukeling basa ingkang kelantur, ngantos bebasan banyu mili datan wonten wates ingkang milah, bilih pangandikan ingkang kawedar saged mawon damel kapitunanipun asanes.
Supados lathi saged ngendika ingkang sae lan ugi leres, wonten saperangan prakawis ingkang saged dados pangertosan.
Sepisan, bilih sedaya pangandikan saged dados donga. Donga mekaten saged kemawon kasembadan ing sanajan donga kalawau boten kasengaja. Pangandikan ingkang sae, saged njalari kesaenan dhiri lan ugi tiyang sanes. Tiyang sepuh pangandikanipun saged njalari mulya lan ugi sangsara para putra, pepinginan tiyang sepuh supados para putra pikantuk kamulyan saha tebih saking bab-bab ingkang nalingsir, kedah kawiwitan saking pangandikan tiyang sepuh ing saben dintenipun.
Pangandikan tiyang sepuh kedah dipunpuput, tuladhanipun pangandikan “bocah nakal, goblog, dableg, seneng maneni wong tuwa, lan sapanunggalanipun” kedah dipunsalini pangandikan ingkang sae, ing sanajan ing wekdal ingkang lumampah kasunyatan lare boten kados ingkang medal saking lathi, kadosta “bocah bagus, bocah pinter, bocak mukti lan sapanunggalanipun,” jalaran ingkang medal saking lathi kalawau saged dados kasunyatan, pramila ing sanajanta remeh nanging saestu saumpami sampun dados pakulinan tartamtu mahanani dhateng kesaenan.
Pangandikanipun pangarsa saged dados kesaenan brayat ingkang woten ing salebeting pangemongipun. Ringkesipun pangati-ati nalikanipun ngendika mujudaken lebet pangertosan saha asung kesaenan dateng dhiri lan sesrawungan sanesipun. Jagad pamulangan Kawa ugi kathah sampun paring tuladha magepokan prakawis punika, umpaminipun piwulang ing pakeliran, rikala Resi Gutama duka dateng ingkang garwa Dewi Indradi, sang resi paring pangandikan ingkang njalari Dewi Indradi salin wujud dados tugu reca, lan taksih kathah malih patuladhan kalebet ing jaman samangke.
Kaping kalih, pangandikan ingkang kelair saking lathi badhe wangsul dateng sinten ingkang paring pangandikan. Umpami ingkang medal saking lathi kalawau wujud kesaenan tartamtu badhe wonten piwales wujud kesaenan ugi, kosok wangsulipun pangandikan ingkang medal saking lathi njalari prakawis ingkang ala, ugi badhe nemahi kacilakan. Pranyata sampun kathah ingkang dumadi, para jutawan lan tiyang-tiyang ingkang kebak ing kanugrahan ugi kawiwitan saking punapa ingkang medal saking lathinipun ing saben dintenipun.
Kaping tiga, sepinten lebet lan cethekipun kawruh, saged dipunmangertosi saking gunem lan pangandikan. Mila tiyang ingkang waskitha tartamtu mranata pangandikanipun, anteb lan ngemot piwulang luhur, kosok wangsulipun tiyang ingkang sembrana punapa ingkang medal ugi kathah prakawis ingkang mratandhani miyur penggalihipun.
Kaping sekawan, bilih ingkang medal saking lathi mujudaken isen-isen saking penggalih. Kenging punapa nalikanipun tiyang ingkang duka kelajeng pangandikanipun sora kathah prakawis ingkang ala, awit ing telenging penggalihipun dipunkebaki panyangka ala. Benten nalika tiyang ingkang nembe pikantuk kasenengan utawi nembe ketaman asmara, ingkang medal saking lathi ugi kebak ing raos tresna, jalaran penggalihipun tebih saking panyangka ala. Lathi saged minangka pralambang kawontenan penggalihipun satunggaling tiyang.
Pangandikan ingkang medal saestu mupangati dateng sedayanipun, pramila leres bilih ajining dhiri manungsa gumantung punapa ingkang saged medal saking lathinipun, nuwun.
Basriyono, Guru Basa Jawa SMPIT Al Huda Wonogiri
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan tulis komentar anda tentang kiriman ini. Kritik dan saran dari anda akan membangun blog ini. Terima Kasih.